Sabtu, 28 September 2013

pengertian dan macam-macam Panyandra berserta contoh-contohnya


PANYANDRA      
Panyandra yaiku unen – unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra baba becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam lsp.
A. CANDRANENG MANUNGSA ( PERANGANENG AWAK )
  • Alise : nanggal sapisan
  • Astane : nggandewa gadhing
  • Athi-athine : ngudhup turi
  • Awake : ramping
  • Bangkekane : nawon kemit
  • Bathuke : nyela cendhane
  • Bokonge : manjang ngilang
  • Brengose : nglaler menclok, nguler keket
  • Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
  • Dedege : ngringin sungsang
  • Drijine : mucuk ri
  • Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
  • Godheke : simbar rumembun
  • Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
  • Idepe : tumenga ing tawang
  • Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
  • Jangkahe : njalak njrinjing
  • Jempolane : ngendas ula
  • Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
  • Lakune : mager timun, macan luwe
  • Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
  • Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
  • Lengene : nggandhewa pinentang
  • Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
  • Netrane : liyep alindri
  • Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
  • Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
  • Pawakane : ramping, gagah pidegsa
  • Pipine : duren sajuring
  • Polatane : ruruh jatmika
  • Praene : sumunar
  • Pundhake : nraju mas
  • Pupune : mukang gangsir
  • Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
  • Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
  • Slirane : sedhet singset
  • Solahe : merak ati
  • Susune : nyengkir gading
  • Swarane : ngombak banyu
  • Tangane : nggendewa pinentang
  • Tungkake : bunder lir jinangka
  • Untune : miji timun, ngelar kombang
  • Ulate : sumeh / sumunar
  • Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
  • Watake : andhap asor
  • Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir

  B. CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE )
  • Lakune kaya macan luwe.
  • Pangamuke kaya bantheng ketaton.
  • Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi.
  • Lambeane mblarak sempal.

C. CANDRANENG WONG NESU
  • Talingan sir sinebitØ
  • Idep mangada – adaØ
  • Angga mubal dahanaØ

D. CANDRANENG WONG NESU
  • Eka padmi sariØ
  • Dwi amartaniØ
  • Tri kawula busanaØ
  • Catur wanara rukemØ
  • Nawa gra lupaØ
  • Panca sura panggahØ
  • Dasa yaksa wangkeØ

E. CANDRANING MANGSA ( KAANANING ALAM )
  • Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa. Tegese : Wiwit wit – witan padha brindhil
  • Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese : lemah – lemah padha nela ( mlethek )
  • Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu. Tegese : wit gembili ( gadhung ) padha mrambat.
  • 4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet )
  • 5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese : wiwit akeh udan
  • 6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese : ungsum who – wohan mirasa
  • 7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese : akeh lelara
  • 8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Tegese : mangsane kucing gandhik
  • 9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo. Tegese : mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
  • 10. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok
  • 11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese : mangsane manuk gloloh
  • 12. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem

semoga bermanfaat yaa.. saya sendiri saja enggak tau apa ini. hehehe... tpi ini dari sumber yg terpercya kog


sumber: yg terpercaya

ilmu web pemula

Recent Posts

STMIK AMIKOM Yogyakarta

E-learning Amikom Research Amikom Wisuda Amikom PMB Amikom Kabar IT